Gong…Gong…Gong…!


(Puisi ini saya dedikasikan untuk mendukung KAJS dan BPJS yang mengalami deadlock di DPR, untuk semua pejuang buruh dan element FSPMI, on milist fspmi)

Tojos…
Wis ora sah nganggo ati2an bung
Saiki jamane jaman edan
Mungsuhe kethek munyuk
Bajul buntung endas balung
Uthekke uthek luthung
Cangkeme cangkem cumplung

Tojos…
Anake kethek bajul buntung
Saiki wis dadi setan gedhe
Sing kudu disampurnakke
Kanggo sarono lelaku mbongkar
Najan setane ngadeg mangangkang
Wong cilik sabrayat mongso ora isoh
Njebol pepalang

Tojos…
Yen wani wani
Yen mundur mundur
Ojo nggawe rembug ngelantur
Mung siji welinge wong kang utomo
Samubarang kabeh kudu diethung-ethung
Ojo nganti mburine buntung

Mangkono iku dadi tugase poro-poro sing ono dhuwur
Kanggo ngetung kabutuhan lan siasate prang
Wong cilik paweh donga lan panyengkuyung
Yen wis nganti titi wancine
Tabuhen gong kanggo pratandha
Saiki yudha wis teko…

Gong…Gong…Gong…!

About Abing Manohara
Hi...Assalamu 'alaikum...I like to write, sharing kindliness and science, tips and solution. Hopefully with this blog many charitable and benefit which I can do for the others people. Solidarity forever....

One Response to Gong…Gong…Gong…!

  1. Pingback: The Adventure Of Wong Fei Hung In Nusantara Archipelago « wikisopo

Leave Comment